Isi ramalan Jayabaya


image by: liputan6.com


  1.  Besuk yen wis ana kreta tanpa jaran ---> Kelak jika sudah ada kereta tanpa kuda.
  2. Tanah Jawa kalungan wesi ---> Pulau Jawa berkalung besi.
  3. Prahu mlaku ing dhuwur awang-awang ---> Perahu berjalan di angkasa.
  4. Kali ilang kedhunge ---> Sungai kehilangan mata air.
  5. Pasar ilang kumandhang ---> Pasar kehilangan suara.
  6. Iku tandha yen tekane zaman Jayabaya wis cedhak ---> Itulah pertanda zaman Jayabaya telah mendekat.
  7. Bumi saya suwe saya mengkeret ---> Bumi semakin lama semakin mengerut.
  8. Sekilan bumi dipajeki ---> Sejengkal tanah dikenai pajak.
  9. Jaran doyan mangan sambel ---> Kuda suka makan sambal.
  10. Wong wadon nganggo pakeyan lanang ---> Orang perempuan berpakaian lelaki.
  11. Iku tandhane yen wong bakal nemoni wolak-waliking zaman ---> Itu pertanda orang akan mengalami zaman berbolak-balik.
  12. Akeh janji ora ditetepi ---> Banyak janji tidak ditepati.
  13. Akeh wong wani nglanggar sumpahe dhewe ---> Banyak orang berani melanggar sumpah sendiri.
  14. Manungsa padha seneng nyalah ---> Orang-orang saling lempar kesalahan.
  15. Ora ngendahake hukum Hyang Widhi ---> Tak peduli akan hukum Hyang Widhi.
  16. Barang jahat diangkat-angkat ---> Yang jahat dijunjung-junjung.
  17. Barang suci dibenci ---> Yang suci (justru) dibenci.
  18. Akeh manungsa mung ngutamakke dhuwit ---> Banyak orang hanya mementingkan uang.
  19. Lali kamanungsan ---> Lupa jati kemanusiaan.
  20. Lali kabecikan ---> Lupa hikmah kebaikan.
  21. Lali sanak lali kadang ---> Lupa sanak lupa saudara.
  22. Akeh bapa lali anak ---> Banyak ayah lupa anak.
  23. Akeh anak wani nglawan ibu ---> Banyak anak berani melawan ibu.
  24. Nantang bapa ---> Menantang ayah.
  25. Sedulur padha cidra ---> Saudara dan saudaratidak adil.
  26. Akeh pangkat sing jahat lan ganjil ---> Banyak pejabat jahat dan ganjil
  27. Akeh kelakuan sing ganjil ---> Banyak ulah-tabiat ganjil
  28. Wong apik-apik padha kapencil ---> Orang yang baik justru tersisih.
  29. Akeh wong nyambut gawe apik-apik padha krasa isin ---> Banyak orang kerja jujur justru merasa malu.
  30. Luwih utama ngapusi ---> Lebih mengutamakan menipu.
  31. Wegah nyambut gawe ---> Malas untuk bekerja.
  32. Kepingin urip mewah ---> Inginnya hidup mewah.
  33. Ngumbar nafsu angkara murka, nggedhekake duraka ---> Melepas nafsu angkara murka, memupuk durhaka.
  34. Wong bener thenger-thenger ---> Orang (yang) benar termangu-mangu.
  35. Wong salah bungah ---> Orang (yang) salah gembira ria.
  36. Wong apik ditampik-tampik ---> Orang (yang) baik ditolak ditampik (diping-pong).
  37. Wong jahat munggah pangkat ---> Orang (yang) jahat naik pangkat.
  38. Wong agung kasinggung ---> Orang (yang) mulia dilecehkan
  39. Wong ala kapuja ---> Orang (yang) jahat dipuji-puji.
  40. Wong wadon ilang kawirangane ---> perempuan hilang malu.
  41. Wong lanang ilang kaprawirane ---> Laki-laki hilang jiwa kepemimpinan.
  42. Akeh wong lanang ora duwe bojo ---> Banyak laki-laki tak mau beristri.
  43. Akeh wong wadon ora setya marang bojone ---> Banyak perempuan ingkar pada suami.
  44. Akeh ibu padha ngedol anake ---> Banyak ibu menjual anak.
  45. Akeh wong wadon ngedol awake ---> Banyak perempuan menjual diri.
  46. Akeh wong ijol bebojo ---> Banyak orang gonta-ganti pasangan.
  47. Wong wadon nunggang jaran ---> Perempuan menunggang kuda.
  48. Wong lanang linggih plangki ---> Laki-laki naik tandu.
  49. Randha seuang loro ---> Dua janda harga seuang (Red.: seuang = 8,5 sen).
  50. Prawan seaga lima ---> Lima perawan lima picis.
  51. Dhudha pincang laku sembilan uang ---> Duda pincang laku sembilan uang.
  52. Akeh wong ngedol ngelmu ---> Banyak orang berdagang ilmu.
  53. Akeh wong ngaku-aku ---> Banyak orang mengaku diri.
  54. Njabane putih njerone dhadhu ---> Di luar putih di dalam jingga.
  55. Ngakune suci, nanging sucine palsu ---> Mengaku suci, tapi palsu belaka.
  56. Akeh bujuk akeh lojo---> Banyak tipu banyak muslihat.
  57. Akeh udan salah mangsa---> Banyak hujan salah musim.
  58. Akeh prawan tuwa---> Banyak perawan tua.
  59. Akeh randha nglairake anak---> Banyak janda melahirkan bayi.
  60. Akeh jabang bayi lahir nggoleki bapakne---> Banyak anak lahir mencari bapaknya.
  61. Agama akeh sing nantang---> Agama banyak ditentang.
  62. Prikamanungsan saya ilang---> Perikemanusiaan semakin hilang.
  63. Omah suci dibenci---> Rumah suci dijauhi.
  64. Omah ala saya dipuja---> Rumah maksiat makin dipuja.
  65. Wong wadon lacur ing ngendi-endi---> Perempuan lacur dimana-mana.
  66. Akeh laknat---> Banyak kutukan.
  67. Akeh pengkianat---> Banyak pengkhianat.
  68. Anak mangan bapak---> Anak makan bapak.
  69. Sedulur mangan sedulur---> Saudara makan saudara.
  70. Kanca dadi mungsuh---> Kawan menjadi lawan.
  71. Guru disatru---> Guru dimusuhi.
  72. Tangga padha curiga--->Tetangga saling curiga.
  73. Kana-kene saya angkara murka ---> Angkara murka semakin menjadi-jadi.
  74. Sing weruh kebubuhan---> Barangsiapa tahu terkena beban.
  75. Sing ora weruh ketutuh---> Sedang yang tak tahu disalahkan.
  76. Besuk yen ana peperangan---> Kelak jika terjadi perang.
  77. Teka saka wetan, kulon, kidul lan lor---> Datang dari timur, barat, selatan, dan utara.
  78. Akeh wong becik saya sengsara---> Banyak orang baik makin sengsara.
  79. Wong jahat saya seneng---> Sedang yang jahat makin bahagia.
  80. Wektu iku akeh dhandhang diunekake kuntul---> Ketika itu burung gagak dibilang bangau.
  81. Wong salah dianggep bener---> Orang salah dipandang benar.
  82. Pengkhianat nikmat---> Pengkhianat nikmat.
  83. Durjana saya sempurna---> Durjana semakin sempurna.
  84. Wong jahat munggah pangkat---> Orang jahat naik pangkat.
  85. Wong lugu kebelenggu---> Orang yang lugu dibelenggu.
  86. Wong mulya dikunjara---> Orang yang mulia dipenjara.
  87. Sing curang garang---> Yang curang berkuasa.
  88. Sing jujur kojur---> Yang jujur sengsara.
  89. Pedagang akeh sing keplarang---> Pedagang banyak yang tenggelam.
  90. Wong main akeh sing ndadi---> Penjudi banyak merajalela.
  91. Akeh barang haram---> Banyak barang haram.
  92. Akeh anak haram---Banyak anak haram.
  93. Wong wadon nglamar wong lanang---> Perempuan melamar laki-laki.
  94. Wong lanang ngasorake drajate dhewe---> Laki-laki memperhina derajat sendiri.
  95. Akeh barang-barang mlebu luang---> Banyak barang terbuang-buang.
  96. Akeh wong kaliren lan wuda---> Banyak orang lapar dan telanjang.
  97. Wong tuku ngglenik sing dodol---> Pembeli membujuk penjual.
  98. Sing dodol akal okol---> Si penjual bermain siasat.
  99. Wong golek pangan kaya gabah diinteri---> Mencari rizki ibarat gabah ditampi.
  100. Sing kebat kliwat---> Yang tangkas lepas.
  101. Sing telah sambat---> Yang terlanjur menggerutu.
  102. Sing gedhe kesasar---> Yang besar tersasar.
  103. Sing cilik kepleset---> Yang kecil terpeleset.
  104. Sing anggak ketunggak---> Yang congkak terbentur.
  105. Sing wedi mati---> Yang takut mati.
  106. Sing nekat mbrekat---> Yang nekat mendapat berkat.
  107. Sing jerih ketindhih---> Yang hati kecil tertindih
  108. Sing ngawur makmur---> Yang ngawur makmur
  109. Sing ngati-ati ngrintih---> Yang berhati-hati merintih.
  110. Sing ngedan keduman---> Yang main gila menerima bagian.
  111. Sing waras nggagas---> Yang sehat pikiran berpikir.
  112. Wong tani ditaleni---> Orang (yang) bertani diikat.
  113. Wong dora ura-ura---> Orang (yang) bohong berdendang.
  114. Ratu ora netepi janji, musna panguwasane--> -Raja ingkar janji, hilang wibawanya.
  115. Bupati dadi rakyat---> Pegawai tinggi menjadi rakyat.
  116. Wong cilik dadi priyayi---> Rakyat kecil jadi priyayi.
  117. Sing mendele dadi gedhe---> Yang curang jadi besar.
  118. Sing jujur kojur---> Yang jujur celaka.
  119. Akeh omah ing ndhuwur jaran---> Banyak rumah di punggung kuda.
  120. Wong mangan wong---> Orang makan sesamanya.
  121. Anak lali bapak---> Anak lupa Ayah.
  122. Wong tuwa lali tuwane---> Orang tua lupa ketuaan mereka.
  123. Pedagang adol barang saya laris---> Jualan pedagang semakin laris.
  124. Bandhane saya ludhes---> Namun harta mereka makin habis.
  125. Akeh wong mati kaliren ing sisihe pangan---> Banyak orang mati lapar di samping makanan.
  126. Akeh wong nyekel bandha nanging uripe sangsara---> Banyak orang berharta tapi hidup sengsara.
  127. Sing edan bisa dandan---> Yang gila bisa bersolek.
  128. Sing bengkong bisa nggalang gedhong---> Si bengkok membangun mahligai.
  129. Wong waras lan adil uripe nggrantes lan kepencil---> Yang waras dan adil hidup merana dan tersisih.
  130. Ana peperangan ing njero---> Terjadi perang di dalam.
  131. Timbul amarga para pangkat akeh sing padha salah paham---> Terjadi karena para pembesar banyak salah faham.
  132. Durjana saya ngambra-ambra---> Kejahatan makin merajalela.
  133. Penjahat saya tambah---> Penjahat makin banyak.
  134. Wong apik saya sengsara---> Yang baik makin sengsara.
  135. Akeh wong mati jalaran saka peperangan---> Banyak orang mati karena perang.
  136. Kebingungan lan kobongan---> Karena bingung dan kebakaran.
  137. Wong bener saya thenger-thenger---> Si benar makin tertegun.
  138. Wong salah saya bungah-bungah---> Si salah makin sorak sorai.
  139. Akeh bandha musna ora karuan lungane---> Banyak harta hilang entah ke mana
  140. Akeh pangkat lan drajat pada minggat ora karuan sababe---> Banyak pangkat dan derajat lenyap entah mengapa.
  141. Akeh barang-barang haram, akeh bocah haram---> Banyak barang haram, banyak anak haram.
  142. Bejane sing lali, bejane sing eling---> Beruntunglah si lupa, beruntunglah si sadar.
  143. Nanging sauntung-untunge sing lali---> Tapi betapapun beruntung si lupa.
  144. Isih untung sing waspada---> Masih lebih beruntung si waspada.
  145. Angkara murka saya ndadi---> Angkara murka semakin menjadi.
  146. Kana-kene saya bingung---> Di sana-sini makin bingung.
  147. Pedagang akeh alangane---> Pedagang banyak rintangan.
  148. Akeh buruh nantang juragan---> Banyak buruh melawan majikan.
  149. Juragan dadi umpan---> Majikan menjadi umpan.
  150. Sing suwarane seru oleh pengaruh---> Yang bersuara tinggi mendapat pengaruh.
  151. Wong pinter diingar-ingar---> Si pandai direcoki.
  152. Wong ala diuja---> Si jahat dimanjakan.
  153. Wong ngerti mangan ati---> Orang yang mengerti makan hati.
  154. Bandha dadi memala---> Hartabenda menjadi penyakit
  155. Pangkat dadi pemikat---> Pangkat menjadi pemukau.
  156. Sing sawenang-wenang rumangsa menang ---> Yang sewenang-wenang merasa menang
  157. Sing ngalah rumangsa kabeh salah---> Yang mengalah merasa serba salah.
  158. Ana Bupati saka wong sing asor imane---> Ada raja berasal orang beriman rendah.
  159. Patihe kepala judhi---> Maha menterinya benggol judi.
  160. Wong sing atine suci dibenci---> Yang berhati suci dibenci.
  161. Wong sing jahat lan pinter jilat saya derajat---> Yang jahat dan pandai menjilat makin kuasa.
  162. Pemerasan saya ndadra---> Pemerasan merajalela.
  163. Maling lungguh wetenge mblenduk ---> Pencuri duduk berperut gendut.
  164. Pitik angrem saduwure pikulan---> Ayam mengeram di atas pikulan.
  165. Maling wani nantang sing duwe omah---> Pencuri menantang si empunya rumah.
  166. Begal pada ndhugal---> Penyamun semakin kurang ajar.
  167. Rampok padha keplok-keplok---> Perampok semua bersorak-sorai.
  168. Wong momong mitenah sing diemong---> Si pengasuh memfitnah yang diasuh
  169. Wong jaga nyolong sing dijaga---> Si penjaga mencuri yang dijaga.
  170. Wong njamin njaluk dijamin---> Si penjamin minta dijamin.
  171. Akeh wong mendem donga---> Banyak orang mabuk doa.
  172. Kana-kene rebutan unggul---> Di mana-mana berebut menang.
  173. Angkara murka ngombro-ombro---> Angkara murka menjadi-jadi.
  174. Agama ditantang---> Agama ditantang.
  175. Akeh wong angkara murka---> Banyak orang angkara murka.
  176. Nggedhekake duraka---> Membesar-besarkan durhaka.
  177. Ukum agama dilanggar---> Hukum agama dilanggar.
  178. Prikamanungsan di-iles-iles---> Perikemanusiaan diinjak-injak.
  179. Kasusilan ditinggal---> Tata susila diabaikan.
  180. Akeh wong edan, jahat lan kelangan akal budi---> Banyak orang gila, jahat dan hilang akal budi.
  181. Wong cilik akeh sing kepencil---> Rakyat kecil banyak tersingkir.
  182. Amarga dadi korbane si jahat sing jajil---> Karena menjadi kurban si jahat si laknat.
  183. Banjur ana Ratu duwe pengaruh lan duwe prajurit---> Lalu datang Raja berpengaruh dan berprajurit.
  184. Lan duwe prajurit---> Dan punya prajurit.
  185. Negarane ambane saprawolon---> Lebar negeri seperdelapan dunia.
  186. Tukang mangan suap saya ndadra---> Pemakan suap semakin merajalela.
  187. Wong jahat ditampa---> Orang jahat diterima.
  188. Wong suci dibenci---> Orang suci dibenci.
  189. Timah dianggep perak---> Timah dianggap perak.
  190. Emas diarani tembaga---> Emas dibilang tembaga.
  191. Dandang dikandakake kuntul---> Gagak disebut bangau.
  192. Wong dosa sentosa---> Orang berdosa sentosa.
  193. Wong cilik disalahake---> Rakyat jelata dipersalahkan.
  194. Wong nganggur kesungkur---> Si penganggur tersungkur.
  195. Wong sregep krungkep---> Si tekun terjerembab.
  196. Wong nyengit kesengit---> Orang busuk hati dibenci.
  197. Buruh mangluh---> Buruh menangis.
  198. Wong sugih krasa wedi---> Orang kaya ketakutan.
  199. Wong wedi dadi priyayi---> Orang takut jadi priyayi.
  200. Senenge wong jahat---> Berbahagialah si jahat.
  201. Susahe wong cilik---> Bersusahlah rakyat kecil.
  202. Akeh wong dakwa dinakwa---> Banyak orang saling tuduh.
  203. Tindake manungsa saya kuciwa---> Ulah manusia semakin tercela.
  204. Ratu karo Ratu pada rembugan negara endi sing dipilih lan disenengi---> Para raja berunding negeri mana yang dipilih dan disukai.
  205. Wong Jawa kari separo---> Orang Jawa tinggal setengah.
  206. Landa-Cina kari sejodho ---> Belanda - Cina tinggal sepasang.
  207. Akeh wong ijir, akeh wong cethil---> Banyak orang kikir, banyak orang bakhil.
  208. Sing eman ora keduman---> Si hemat tidak mendapat bagian.
  209. Sing keduman ora eman---> Yang mendapat bagian tidak berhemat.
  210. Akeh wong mbambung---> Banyak orang berulah dungu.
  211. Akeh wong limbung---> Banyak orang limbung.
  212. Selot-selote mbesuk wolak-waliking zaman teka---> Lambat-laun datanglah kelak terbaliknya zaman.

No comments:

Post a Comment